basa Jawa kepriye nasibmu….???

Basa Jawa Kepriye Nasibmu…
Jaman saiki ora akeh maneh keluarga sing nggunakake basa Jawa yen omong-omongan karo putrane. Mula tambah suwe wong sing nggunakake lan ngerti ngenani basa Jawa ya tambah suda. Kaya ngapa nasibe 10 tahun maneh???
Ing sekolahan yen diwajibake ana pelajaran basa Jawa, paling ora bocah-bocah isih ngerti lan isih duwe rasa ndarbeni. Nanging yen basa Jawa yen wis ora diwulangake ing sekolahan, apa mungkin bocah-bocah gelem nyinaoni? Apa bocah-bocah ngerti yen basa Jawa iku basa sing adi luhung kang sugih piwulang kang becik. Lan bisa ndadekake moral bangsa dadi apik, amarga kebak ing unggah-ungguh lan tata krama. Terus arep digawa menyang ngendi nasibe bangsa iki mbesuk? Apa mung nyithak para mudha sing mumpuni ing bab tekhnologi nanging ora ngajeni wong liya? Apa nyithak para mudha supaya dadi pemimpin nging pemimpin sing ora preduli marang wong cilik?
Basa iki ibarate klambi sing bisa nuduhake sing nganggo iku kaya apa. Yen ora tau diumbah, ora disetrika, klambi bisa mambu lan gampang rusak. Yen rusak njur ora dienggo maneh. Lha nek wong liya ngerti kuwi klambi larang…banjur dijupuk, didondomi, diumbah, disetrika lan apik maneh terus dienggo karo wong mau kepriye? apa ora bingung. Mula yen basa Jawa saiki katon suwek…ayo padha ndondomi, nata maneh alon-alon, kanthi nggunakake ing padinan. Aja mung bengak-bengok lan nesu yen diakoni bangsa liya…Apa maneh yen klambi sing digawe reged gampang ndadekake wong sing nganggo lara. Semono uga yen basa minangka kabudayan sing luhur iku bisa rusak mula gampang banget dileboni sing jenenge virus saka budaya manca sing bisa ngrusak kapribadening bangsa.
Ayo…kita tansah nguri-uri basa Jawa. Pamarentah uga duwe tanggung jawab kanggo nguri-uri supaya basa Jawa sirna

Manungsa urip ing donya mesthi ngalami lan ngadhepi masalah. Nanging masalah sing ana iku ora ana sing abot ngluwihi kabisane manungsa anggone nyangga. Sing Kuwasa luwih pirsa sapa kita, lan kaya apa kekuatane manungsa.
Yen kita ndeleng lan ngrasakake masalah sing disangga abot banget, ndadekake kita ora bisa ngerti lan ndeleng kuwasane Allah makarya ing kita kabeh.
Luwih becik yen kita latihan nampa lan ndeleng yen kabeh masalah iku ana dalan pametune. Apamaneh tansah sinau masrahake marang sing Gawe Urip, lan sing luwih Gedhe tinimbang masalah sing dialami.
Ora ana samubarang sing mokal kanggone sing Kuwasa paring dalan lan kekuatan kanggo ngadhepi lan nyangga kabeh mau.(1Kor10:13)

Tembang dolanan Trialagotri

Tri ala gotri nagasari ri
Riwul owal awul jenang katul tul
Dolan awan-awan ndelok manten ten
Titenana mbesok gedhe dadi apa pa
Podheng porem mbako enak mbako sedheng dheng
Dhengkok engkak engkok sing dadi tiba kodhok

Tembang dolanan ora mung kanggo iringan yen dolanan nanging paring piwulang becik kanggo bocah-bocah.
Carane nembangake lan dolanan tembang tri ala gotri mangkene : Dolanane luwih becik dilakokake dening bocah luwih saka loro. Saben bocah nggawa barang bisa saka watu utawa kreweng. Kudu ana salah siji kreweng/watu sing beda, didadekake kodhoke. Dolanan iki biasane dilakokake ing lemah kanthi nggawe bunderan ing lemah lan bunderan mau dibagi miturut bocah sing melu dolanan. Saben bocah ngadhep bageane bunderan sing wis dibagi miturut jumlahe bocah sing melu mau lan nyekel kodhoke. Yen wis disetujoni lumakune/mubenge kreweng, banjur nembangake bareng-bareng karo ngubengake kreweng/watu kanthi bebarengan. Yen tembang wis rampung, sing nggawa watu/kreweng sing beda iku sing dadi.
Saka dolanan tembang Tri ala Gotri ing dhuwur bisa dijupuk nilai moral yaiku :
a. karukunan, amarga dolanan bareng-bareng karo kancane.
b. kompak, dolanan iki perlu sepakat amarga ubenge watu/kreweng
yen ora padha bisa ndadekake rame/padu
c. tanggung jawab, yen pas ketiban kodhok kudu gelem dadi

Guru

Guru iku digugu lan ditiru, dudu yen Minggu turu. Mula ing tumindak lan pangucape kudu dijaga. Awit saka tepa tuladha sing diparingake lumantar tumindak lan pangucap iku sing dieling-eling dening murid malah kepara ditiru. Pancen gampang yen ngucapake samubarang, nanging yen wis katimbalan dadi guru Sing Kuwasa tamtu paring kekuatan supaya uripe bisa migunani kanggo wong liya utamane kanggo para murid.
Guru iku kaya wong sing ‘main’ bal-balan. saben ‘pemain’ duwe tugas dhewe-dhewe. ora ana pemain sing bisa nggawa bal saka mburi menyang ngarep nganti tekan gawange mungsuh malah nggawe gol. Mesthi ana ‘pemain’ liya sing nulungi. kerja bareng antarane ‘pemain’ siji lan liyane iku wujud kerja bareng sing becik, siji kekarepan nglebokake bal ana ing gawange musuh. semono uga guru nduweni tujuan sing padha ndadekake murid kasil. Ora mung kasil ing kapinterane ilmu nanging ana ing sikap lan iman sing bener. Mula kudu ana ‘kerjasama’ sing apik antarane guru siji karo liyane.
Guru iku paribasane kaya ‘juru masak’ sing bisa ndadekake bahan olahan saka sing kurang enak dadi enak saka sing kurang mbejaji dadi aji. Umpamane ‘pohong’ sing bisa diolah dadi roti tar, dadi panganan enak liyane. Dadi panganan sing larang regane. Kabeh mau bisa dilakokake kanthi ketrampilan sing terus dilatih. Uga saka buku sing diwaca sing bisa nambah wawasan. Semono uga guru kudune bisa ndadekake murid sing nakal dadi sing apik, sing kurang bisa dadi bisa. Kabeh uga lumantar saka ketrampilan sing terus dilatih lan njajal cara-cara sing bisa ndadekake murid ngerti sing diwulangake. Senadyan kabeh mau ora mung gumantung ana ing guru, nanging uga ana ing murid.
Muga-muga sawise dipengeti dina Guru ing 25 Nopember bisa nambahi semangat, greget lan krenteg para Guru anggone nindakake tugas luhur sing diparingake karo Sing Kuwasa kanthi ikhlas. Lan sing diwulangake menyang para siswa bisa miguna ing tembe. Amien.

BAB KATRESNAN

Sanadyan aku bisa ngucapake sarupaning basane manungsa lan malaekat, nanging yen sepi katresnan aku padha bae kaya gong ngumandhang utawa bendhe kang ngangkang. Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit lan sumurup ing sakabehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan aku ora aji babar pisan.
Lan sandyan aku ndanakna sabarang darbeku kabeh, malah sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong naging yen aku sepi ing katresnan iku ora maedahi apa-apa marang aku.
Katresnan iku sabar, katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus. Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan. Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake. Katresnan iku nutupi samubarang , ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.
Katresnan iku ora ana enteke; pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasane; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna.
Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku wis diwasa, kaananku kaya bocah mau wis dakbuwang. Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging mbesuk kita bakal ndeleng adu arep. Ing saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging mbesuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.
Dadine kari telung prakara iki yaiku: pracaya, pangarep-arep, lan katersnan, nanging kang paling pinunjul dhewe ing antarane iku yaiku: katresnan.(1 korinta 13)

WULANG BEBASAN

16:32=> Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan, wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud negara
17:17 => Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan
17:22=> Ati kang bingar iku minagka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposake balung
22:4=> Andhap asor lan pangabekti marang Sang Tehuwah iku diganjar kasugihan, kaluhuran lan urip