Tembang Dolanan Jamuran

Warisan leluhur kang adi luhung awujud basa lan sastra. Salah sijining saka warisane yaiku dembang dolanan. Tembang dolanan minangka sastra lisan, bisa dimangerti amarga saka gethok tular saka wong siji marang wong liyane. Mula ana tetembungan sing diowahi utawa ora padha. Bedaning tetembungan sing ana ing tembang dolanan amarga dipasake karo dhaerahe uga dilarasake karo kahananing jaman.
Tembang dolanan sing arep dionceki ing kene tembang dolanan “jamuran”
jamuran…
ya ge gethok….
jamur apa…ya ge gethok…
jamur payung ngrembuyung kaya lembayung…
sira bedhek jamur apa…
Jamur iku wujude bunder. Nalika dolanan tembang jamuran, bocah-bocah mbentuk bunderan kanthi gandhengan lan ngubengi bocah sing ana ing tengah minangka sing dadi kanthi nembang jamuran. Anggone dolanan tembang jamuran bocah-bocah ora nganggo sandhal. Sawise tembang jamuran rampung ditembangake, bocah sing ana ing tengah nyebutake jenise jamur sing dikarepake. Umpama nyebut jamur “parut”, mula bocah sing gandhengan mau nguculake gandhengan saka kancane banjur mbentuk jamur parut yaiku ngadeg kanthi gondhelan tembok, wit, utawa liyane sing bisa dienggo gondhelan. Sawise iku bocah sing ana ing tengah ngithik-ithik dlamakane kancane. Yen sing diithik-ithik ngguyu, mula bocah mau ngganteni dadi ana ing tengah. Terus nglakokake kaya wiwitan mau nganti kabeh bocah rumangsa bosen lan kesel.
Saka tembang jamuran iki aweh pitutur: menawa kita kudu ngutamakake karukunan, nyawiji, tanpa cecongkrahan lan pasulayan, dudu tukaran lan tawuran. Nanging kudu gandhengan, gelem urip rukun karo liyane tanpa mbedakake bandha donya, drajat, pangkat, ayu baguse, agama, nanging karo sapa wae kudu gelem gandhengan utawa urip nyawiji. Yen urip rukun, nyawiji, bisa nyiptakake katentreman kang bakal dirasakake dening wong akeh. Nanging yen tawuran lan ana pasulayan ndadekake rasa was-was, wedi, bingung lan ora bisa ngrasakake ayem tentrem.
Tembang dolanan iki uga aweh piwulang yen kabeh wong iku padha ing ngarsane Pangeran. Lan kita kudu andhap asor marang wong liya, masia sugih, ayu, pinter, nanging kudu nyopot sandhale.
Saliyane iku saka tembang dolanan jamuran iki, uga aweh pitutur supaya kita yen diparingi tugas, kudu nindakake jejibahan mau kanthi tenanan lan tanggung jawab, adil, ora njupuk darbeke liyan, bares lan prasaja.
Nanging eman banget, amarga tembang jamuran iku saiki jarang dianggo malah jarang bocah-bocah saiki ngerti tembang jamuran apa maneh mangerteni maksud kang kinandhut ana ing tembang jamuran.
Mula perlu banget tembang dolanan diwulangake marang para siswa ing tataran endhek kaya siswa TK lan SD. Supaya bocah-bocah nalika isih cilik bisa ngecakake maksud sing ana ing tembang. Saengga nalika wis gedhe wis kulina urip rukun karo liyane.
(Iki mau sing bisa dakaturake ngenani tembang dolanan jamuran. seneng banget yen ana sing wis maos paring lan urun gagasan murih lestarine budaya Jawa)

asem asem bandeng

Bahan:

bandeng 1 wae

wortel 2

manisa 1

jeruk pecel 1

Bumbu :

bawang 5 siung

brambang 3 siung

bawang bombay 1

tomat 2

lombok rawit 7

lombok abang gedhe 2

uyah lan gula

Carane :

1. Bandeng diilangi sisike diumbah resik lan ditugel dadi 2 banjur dikeceri jeruk pecel separo

2. wortel diilangi kulite diumbah lan diirisi

3. manisa dionceki kulite banjur diumbah lan diirisi cilik-cilik

4. Nggodhog banyu 2 gelas dicemplungi kabeh bumbu sing wis dirajang, uga ditambah uyah lan gula. bandeng dicemplungake

5. Yen wis umub wortel lan manisa dicemplungake

6. Yen wis mateng, lan arep dientas dikeceri jeuk pecel separo.

sugeng nyobi !!!

tembang dolanan

suwe ora jamu

jamu godhong tela

suwe ora ketemu

temu pisan gawe gela

 

gundhul pacul

gundhul gundhul pacul cul gembelengan

nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan

wakul ngglimpang segane dadi salatar

wakul ngglimpang segane dadi salatar

 

cublak suweng

cublak cublak suweng

suwenge ting gelenter

mambu ketundhung gudel

pak empo lera lere

sapa ngguyu ndhelikake

sir sir pong dhele gopong

sir sir pong dhele gopong

Parikan

Sapi wedhus mangan suket

suket ijo ya ana ing sawah

mrih lingkungan ora dadi reged

mbuwang regedan ing tempat sampah

 

tempat sampah kabehe loro

siji ijo sijine kuning

mrih sekolah katon royo

kita kudu padha nata mening

 

ronaldo dolanan semangka

semangkane wujude bunder

cah sekolah kudu seneng maca

tembe mburi dadi wong pinter

 

Mesi lagi dolanan klapa

klapa mau dienggo nyawat

ayo padha eling wong tuwa

sing nglairne uga ngerawat

 

klapa mau dadi mencolot

mencolot banter ngenani tumpeng

eling wong tuwa nyambut gawe abot

mula ayo sinau sing mempeng

 

Tumpeng mau kanggo pak Camat

amarga rusak ya didandani

marang wong tuwa ya kudu kurmat

kudu manut ya kudu bekti

 

tomcat iku ana ing sawah

nging saiki saba ing kutha

ayo kanca sing sregep sekolah

mrih mbesuke ora rekasa

 

Azis gagap menek klapa

wis tekan dhuwur dicokot ula

aja lali marang wong tuwa

sing ngopeni lan nggedhekne kita

 

Ronaldo rambute brintik

rambut brintik ra bisa dawa

mrih lingkungan kita resik

ayo kabeh kudu padha njaga

 

Ki Daus main akrobat

ngangkat montor karo siji tangan

awak kita supaya sehat

aja njajan sembarangan

Panjurungku

Ngger

apa sing ana ing pikiranmu ???

nalika kowe nyekel buku kanggo sinau

nalika mangkat sekolah kanggo golek ilmu

Ngger

delengen tumetesing kringet wong tuwamu

tan ana rasa gela amarga rekasa

dina-dina jinangkah kanthi lila

sengkute ginawe mrih brayat mulya

ngger

apa sing ana ing ati

nalika ngerti nganti bengi wong tuwamu lagi bali

ngrajut panguripan mrih mukti

ngger

apa sing ana ing niyatmu

nggo ngranggeh gegayuhanmu

mrih gawe mongkoge wong tuwamu

ngger

tan kendhat wong tuwa memuji

mrih kowe bisa migunani

Parikan

Sapi wedhus mangan suket

suket ijo ya ana ing sawah

mrih lingkungan ora dadi reged

mbuwang regedan ing tempat sampah

tempat sampah kabehe loro

siji ijo sijine kuning

mrih sekolah katon royo

kita kudu padha nata mening

ronaldo dolanan semangka

semangkane wujude bunder

cah sekolah kudu seneng maca

tembe mburi dadi wong pinter

 

 

Ngger

apa sing ana ing pikiranmu ???

nalika kowe nyekel buku kanggo sinau

nalika mangkat sekolah kanggo golek ilmu

Ngger

delengen tumetesing kringet wong tuwamu

tan ana rasa gela amarga rekasa

dina-dina jinangkah kanthi lila

sengkute ginawe mrih brayat mulya

ngger

apa sing ana ing ati

nalika ngerti nganti bengi wong tuwamu lagi bali

ngrajut panguripan mrih mukti

ngger

apa sing ana ing niyatmu

nggo ngranggeh gegayuhanmu

mrih gawe mongkoge wong tuwamu

ngger

tan kendhat wong tuwa memuji

mrih kowe bisa migunani

 

mbisu

mingkem …rapet…dhipet

tanpa swara

meneng…..

tanpa tembung

tanpa ukara

apa sing mbingkemu???

apa sing nyumpeli lathimu???

sakabehe pitakon apa ora korungu ???

nging…ra suwe kababar

tembung mbengung gemrunggung

sakecap koucap tembung ‘pusat’

lucu

agawe gumuyu wong sing nesu

cuwa lan gawe ati mendhela

 

 

 

pangrekuhmu

tan kendhat koulungake tanganmu

kocekel…rapet

tan bisa uwal saka gandhenganmu

kandhamu

apa kowe lali ???

nalika ora ana sapa-sapa

aku tansah ana ing sisihmu

aku ora bakal ninggalake kowe dhewe

apa kowe lali ???

yen tekaku kotampa ing atimu

kowe tansah urip karo aku salawase

kanggo ngrasakake endahe dina-dina ing tembe

pangrengkuhmu

ngilangake kapangku

tekamuaweh karenan ing atiku

kandhamu

gawe kakuwatan dina-dinaku

sih piwlasmu tan winates ing uripku